Wednesday, September 14, 2005

my childhood's fairytales

BULUS BODO


Sakdurunge, dingapuro yen tulisan iki ora koyo aturan nulis bahasa Jowo sing becik, mung seporo mbagi crito cilikanku mbiyen.

Iki dongeng cilikanku, pendak wengi jam 8 bapakku nyeritakke cerito sing podho dibaleni ben wengi ning aku ra tau bosen. Yen durung diceritakke dongeng Bulus Bodo iki, aku ra bakal iso mapan turu. Ben dino jan plek ceritane, intonasine, bahasane sampe alur’e karo kata terakhire mesti podo.


Jaman mbiyen ono bulus,

Bulus kuwi bodooooo banget

Ra iso ngopo-ngopo.

Bulus kuwi duwe konco gagak loro

Ing sak wijining dino, bulus karo gagak ketemu,

‘ gak, aku pengen mabur, aku pengen ndelok donya seko nduwur koyo opo ?”

‘ lho kowe kan ra duwe swiwi ? ‘ gagak semaur.

‘ sik tak pikire. ‘ gagak sijine nyaut.

‘ oo aku ngerti, Lus. Kowe tak tumpakke kayu sing tak gowo cah loro .’

‘ kepeneran kuwi. ‘

Bulus seneng banget, trus langsung nggolek kayu nggo numpak.

Kayune wis ketemu, Bulus wis nangkring ning nduwur.

Gagak sing siji nyedhaki Bulus.

‘ sarat’e mung siji Lus. Kowe ora entuk ngajak ngomong aku yen wis tekan nduwur kono .

‘ alah, sipil kuwi. ‘

njur, gagak loro mau nyokot pinggiran kayu trus mabur nggowo Bulus mabur.

Cah telu podo mabur ning nduwur segoro, gunung, nduwur wit-witan lan sakliyane.

Bulus gumun kok lek apik banget, trus keweton omonganne :

‘ Gak, kae opo sing koyo ulo dowo banget seko nggunung tekan segoro .”

Gagak loro-lorone langsung semaur bareng,

‘ o alah dasar bodo, kae kali sing mili seko gunung tekan segoro “

sak durunge pitutur’e gagak rampung, ono swara seru

BYURRRRRR !!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!

Gagak langsung sadar, bulus tibo pas cokotane kayu sing ning cucukke gagak ucul mergo njawab pitakone bulus. Gagak nginguk seko nduwur,

‘ Bulus kuwi pancen bodo banget, wis diomongi kok yo ra nggugu, yo ketiwasan dewe kono.’

Bulus tibo ning segoro karo getun ra ngrungokke kandanane gagak.

Sak bare kuwi, gagak wis ra bakal gelem ngajak bulus mabur meneh.

Oalah, buluss…..bodo !

Ojo niru bulus sing bodo yo J

Koyo sing di ceritakno Bapak seko 5 tahun nganti 12 tahun, karangan NN.

No comments: